Seniman Pengecer Cangkem

2008-07-24 Leave a Comment


Sopo sing ra kenal karo Butet Kertaradjasa, seniman Jogja sing level kejawaane ki dahsyat kae. Saben njedhul neng media, tindak tanduk'e ki pancen mencerminkan tenan nek dheweke kuwi wong jowo. Bahkan nek didelok seko carane le njeplak (waca: ngomong) kuwi mesti enek embel-embel boso jowone. Contone dialog sing tak comot seko sawijining adegan ning acara Kerajaan Mimpi ning Metro TV, pas jaman-jamane reshuffle kedua pak SBY. Adegan kuwi dilakoni pas Kerajaan Mimpi arep "berevolusi" dadi republik meneh. Sang Raja, SBY (Si Butet Yogya), sing isih "didaulat" dadi rojo, kon lengser keprabon dadi presiden meneh. Aku nonton karo mbokku nek ra salah gek kae. Kurang luwihe tulisane muni ngeneki :


PRESIDEN SBY (Si Butet Yogya) -- Sebagai Raja
"Jadi,saya putuskan bahwa reshuffle ini, ditunda dalam waktu yang tidak ditentukan"

(Sak ruangan do ribut kabeh, terus Harun Al Jaim, Menteri Hukum angkat bicara)

HARUN AL JAIM
"Ndak bisa lah itu, dimana-mana waktu buat menunda keputusan harus jelas, ndak ada itu, ndak ada..."

PRESIDEN SBY
"Yo sak karepku 'ok... Wong Raja 'ok.."
(Nganggo Logat Jowo lho yooo...)

Bar kuwi mbuh napa aku kok njur ngekek-ngekek kemekelen nganti koyo arep modar kae gelakgulinggelakgulinggelakguling. Nek bosone guru agamaku pas SD biyen : 'Lucu Gila Hi Ta'al'a (Ups... no protests!!!), trus bar kuwi, terucap kata "bosoooookkkk" seko lambeku, pancen Singo tenan kok kang Butet kiy. Kombinasi boso Jowo karo Indonesia-ne ki gurih tenan kae, segurih Indomie Goreng.jelir. Mungkin nek ning bahasa Inggris kuwi dikenal istilah "American-English", nek ge kang Butet, enek istilah "javanese-Indonesian" alias boso Indonesa-Jowo.

Kemampuanne kang butet leh'e mengolah kata-kata diduduhke neng blog-e seng judule "Pengecer Cocot Cangkem". Neng kono, kang Butet nganggo point of view Mas Celathu, wong ndeso seng hobine njeplak. Boso seng di enggo kuwi boso Indonesia-Jowo. Salah siji kata-katane seng tak senengi koyo ngeneki:

"Ada pula mayat abnormal. Matinya tidak konvesional. Maksudnya, berubah status menjadi “mantan manusia” karena kecelakaan atau dicelakai. Misalnya dicelakai perampok yang sangat bengis. Atau dirajang-rajang jadi korban mutilasi oleh partner homoseks."
Butet Kertaradjasa - Panen Mayat

ngerti ra nopo aku ngakak, delokno kata-kata seng kedhap-kedhip neng quote ndhuwur kuwi. Di rajang-rajang ki kan bosone daging karo janganan. Dadi, dirajang-rajang kuwi boso Indonesia-ne dipotong kecil-kecil. AKu mbayangke nek kata-kata kuwi metu seko cangkeme kang Butet disponsori karo logate seng ngono kae... mesti lucune na'udzubillah
Tanpa mangsud mbandingke, aku luwih seneng guyonane kang Butet, mbangane guyonane mas Thukul. Nek menurutku, guyonane ki cerdas lantaran dipengaruhi karo seni peran seng apik. Liyane kuwi, kang Butet kuwi ngomong bak pakar lingusitik, dheweke ngerti kapan kudu serius, ngomong dengan EYD, lan kapan kudu njeplak nganggo boso jowo. Kang Butet mung siji seko macem-macem budoyo Jowo seng iso kudu dilestarikan. Kang Butet kuwi ra tau minder opo isin nek dheweke ki medhok tenan Jowone. Bahkan, dheweke selalu menyertakan unsur Jowo neng saben pertunjukkane. Kuwi bedo tenan karo mas-mas neng Mangga Dua seng sok-sokan mekso ngomong "gue-lo", padahal logate mung feasible ge ngomong "nyong-nyongan" jelirjelir




Disclaimer:

1 Tulisan Ini Menggunakan Bahasa Jawa Sak-Sak'e, ditulis lantaran penulis sudah kebelet ingin nulis dalam Bahasa Jawa dan males belajar Boso Kromo Inggiljelir
2 Blog-ke kang Butet iso diragut (mbuh ki boso ngendi asline, neng lemuni artine browse) neng link : http://butetkartaredjasa.blogdetik.com/
3 Gambar tak colong seko kene lan kene

4 comments »

  • Anonymous said:  

    Nuwun komentarnya. Aku ya ngguyu baca komentarmu. Sampeyan domisili dimana ta?

  • Anonymous said:  

    sing komentar kuwi aku: kartaredjasa@yahoo.co.id

  • Fajar Indra said:  

    @ anonim :

    :-o

    wah.. tenane kuwi kang Butet, kok ra nganggo ID-ne

    saya berdomisili di sekitar kampus UI Depok, matur nuwun juga sudah jalan-jalan ke blog ini

    :)

  • Anonymous said:  

    Pak Butet, kok orasi budayanya sangat kontradiktif ya, sehingga nampak keberpihakan yg tidak fair dan tidak adil. Coba renungkan dengan nurani dan logika yg cerdas ttg statement anda:
    1. LSI itu lembaga pesanan. apakah anda berorasi itu bukan pesanan dari Mega-Pro ? jadi nampak pesanan-perang melawan pesanan. ada istilah seniman "maling teriak maling" (lagunya iwan fals
    2. anda menawarkan ke JK "bpk bisa nanggap saya, karena sy netral". Dimana kenetralan anda ketika anda dipesan Mega-Prabowo statmennta sangat berpihak itu.

    Kesimpulan saya anda ternyata tidak secerdas rakyat yogya, dan anda ternya sangat neolib : Perut lapar terus cari duit dgn menghalalkan segala cara ! mohon ditanggapi dgn akal sehat dan cerdas !

    Edy Herlambang : edherlambang@yahoo.com

  • Leave your response!

    Mohon untuk menyertakan nama dan identitas (alamat web) jika ingin berkomentar. Jika anda ingin ber-anonim, mohon cantumkan email dan nama anda.